KD. 3.1. ANOMAN DUTA KELAS 9

KOMPETENSI DASAR

3.1 Memahami cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta

  INDIKATOR

3.1.1. Membaca pemahaman teks cerita wayang Ramayana.

3.1.2. Mendiskusikan dan mengartikan kata- katayangdianggap sulit dalam

           cerita Ramayana Anoman Duta.

3.1.3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan

3.1.4. Menuliskanpesan yang terdapat dalam lakon Ramayana Anoman Duta


TUJUAN PEMBELAJARAN

 3.1.1. Peseta didik Membaca pemahaman teks cerita wayang Ramayana.

  3.1.2. Mendiskusikan dan mengartikan kata- katayangdianggap sulit dalam

            cerita Ramayana Anoman Duta.

  3.1.3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan

   3.1.4. Menuliskanpesan yangterdapat dalam lakon Ramayana Anoman Duta


MATERI

 Teks cerita  wayang Ramayana lakon Anoman Duta.

wacanen ing batin tekss cerita wayang Anoman Duta  lan tulis ukara sing wigati1

                                    ANOMAN DUTA

Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.

Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku  aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.

            “ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kangkaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”

            Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.

            “ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “

            Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra  andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira  ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol,  busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”

            Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus.

            “ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!”

            Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa.

  Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya  Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara.

Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi  garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.

Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris:

“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “

“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”

Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba  Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “

“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “

Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.

“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun  marang Pangeran Rama. “

Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling.

“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka.

(  Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan Agustus 2009, diowahi sacukupe)                              

        Negesi  Tembung  kang  Angel

  Wanodya                            :  Wanita

  Sang HyangDewangkara    :  Srengenge

 Duta                                    :   Utusan

  Kisma                                 :   Lemah

  Disingitake                         :   Didhelikake

  Dununge                             :   Panggonane

  Kasowanake                       :   Diadhepake

  Penggalihe                          :   Atine

  Rinantu                               :  Dienteni

  Nawala                               :  Serat, layang

Sang hyang Diwangkara    : srengenge

  Lular                                   : udhar, ucul

  Kapiryasa                            : keprungu

 Karuna                                : nangis

  Winastan                             : diarani, dijeningi

                 Densingidake                      : diumpetake, didhelikake

Ditrungku                           :dikunjara

  Rawat waspa                      : mripate kembang-kembng ngemu luh

  Cintraka                              : sengsara, susah

  Nyembadani                       :dituruti, dicukupi

  Gelah-gelahing bawana      : rereged, lelettheke jagat

  Andhusta                            : nyolong

  Candrasa                             : pedang

  Sila marikelu                       : lungguh tumukul urmat banget

  Samapta                              : wis sadhiya, siap

  Sesupe                                : ali-ali, kalpika

  Maruta                                : angin

  ngaras pada                         : sumungkem ing sikil

  wanodya                             : wanita

  arga                                     : gunung



LEMBAR KERJA SISWA

1. WANGSULANA PITAKONAN NGISOR IKI KANTHI MENEHI TANDHA PING (X) ING

     AKSARA a, b, c, UTAWA d!

ANOMAN DUTA

Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku  aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.

 

            ………………………………………………………………………………………… (  Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan Agustus 2009, diowahi sacukupe)

1.      Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Tembung den upadi ing ukara mau iku tegese….

a.    diarani     b.    keprungu      c.    digoleki        d.   didhelikake

 

2.      Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku  aneng Taman Argasoka, tinengganan dening  wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Tembung sawarsa tegese….

a. Patang taun        b.Telung taun      c. Rong taun    d. Setaun

 

3.      Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya.Tembung garwa tegese…

a.    Adhik          b. Keponakan      c.  Pulunane             d. Bojo

4.       Kepiye  kaanane Dewi Sinta manut crita ing dhuwur….

a.    Puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi yaiku Ramawijaya

b.    Sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur

      kisma. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.

c.    Sadina-dina tansah seneng  aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe,

d.   Sarirane remen sanget kaya aneng swarga.

 

5.      Sapa  kang diutus Ramawijaya upadi Dewi Sinta menyang Ngalengka……

a.    Anggada    b.    Laksmana       c.    Dasamuka    d.   Wanara Seta

6.      Apa sing ditindakake Anoman supaya Dewi Sinta percaya marang dheweke…

a.    Ngaturaken  sesupe                  b.Ngaturaken Nawala    

c.    Ngaturaken kancing gelung     d.Ngaturaken pusaka gada wesi kuning

 

“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kangkaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”

7.      Pitutur sing bisa kajupuk saka carita ing dhuwur yaiku…..

a.    Dadi wong  kudu seneng marang panganen-angen

b.    Dadi wong iku kudu bisa menehi panglipur marang sing lagi susah

c.    Dadi wong iku kudu ngeres-eresi ati

d.   Aja gampang putek pikirane

“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”

8.      Manut wacana ing dhuwur iku isine bab apa…..

a.    Rawuhe Sri Ramawijaya ing Ngalengka       

b.    Anoman dutanipun  Sri Ramawijaya

c.    Dasamuka diutus priksa wonten Ngalengka 

d.   Ramawijaya lan Laksama ratuning    Ngalengka

 

“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “

 

9.      Manut pethikan wacana kasebut pokok isine yaiku…

a.    Anoman ngajak bali Dewi Sinta lan Dewi Trijatha

b.    Anoman dadi duta lan ketemu Dasamuka

c.    Anoman dadi duta lan bisa ngaturaken ali-ali marang Dewi Sinta

d.   Anoman ngaturaken sesupe marang Dewi Trijatha

10.   Anoman dutane Prabu Rama.  Anoman iku dadi…

a.       Senopati

b.      Utusan

c.       Prajurit

d.      Pengarep

 


11. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1.    Sapa sing kautus ngupadi Dewi Sinta?

2.    Ing ngendi Dewi Sinta disingidake dening Rahwana

3.    Kepriye kahanane Dewi Sinta manut crita ing dhuwur, terangkan!

4.    Sapa asmane putrane sing tansha setya ngancani  Dewi Sinta lan sapa dheweke

5.    Apa pangancame dewi sinta Manawa Rahwana nekad nyedaki Dewi Sinta




EVALUASI SISWA

            1. WANGSULANA PITAKONAN NGISOR IKI KANTHI MENEHI TANDHA PING (X) ING

     AKSARA a, b, c, UTAWA d                         



1.      Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Tembung den upadi yaiku…

a.       diupetake

b.      disingidake

c.       dikunjara

d.      goleki

2.      Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi. Tembung penggalihe…

a.       sedih

b.      Ati

c.       susah

d.      seneng

3.      Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Tembung candrasa tegese..

        a.  keris

        b. pedang

        c. sapu

        d. ali-ali

4.       Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Tembung liyane ali-ali  kejaba,....

a.       cincin

b.      kalpika

c.       sesupe

d.      gelang

 Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.

5.      Sapa  sing mlumpat ing wit nagasari yaiku…

a.       Dasamuka

b.      Anoman

c.       wonodya

d.      Rahwana

6.      Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tembung sugal tegese…

a.       jengkel

b.      nangis

c.       sedih

d.       isin

7.      Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “ Tembung  sesupe tegese….

       a. gelang

        b. cincin

        c. kancing

       d. nawala

8.      ”Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa. Tembung lingsem tegese…

a.       Isin

b.      jengkel

c.       susah

d.      kesel

9.       Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Tembung njola tegese….

a.       kaget

b.      seneng

c.       sedih

d.      suash

10.  Dewi Sinta maringi apa marang Anoman….

a.       nawala lan cundamanik

b.   kalpika

c.  cincin

d.    kancing                                        

11. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1.   Dewi Sinta maring apa marang wanara seta?

 2. Apa sebabe Rahwna nyidra Dewi Sinta?

3. Apa sing ditindakake Amonan supaya Dewi Sinta percaya marang dheweke?

4.  Anoman diutus Prabu Rama menyang ngendi?

                   5.Wanara seta matur kepiye marang Dewi Sinta sadurunge dheweke  pamit lunga?


Komentar

  1. Natasya Angelina Putri Dari Kelas 9f Nomer Absen 25

    BalasHapus
  2. Ghaitsa Zahira Hasna 9f absen 13 hadir

    BalasHapus
  3. Nama: erlinda rahma
    kelas: 9f
    hadir

    BalasHapus
  4. Nama : Hilyatul Masfufah
    Kls :9F
    Hadir

    BalasHapus
  5. Nama : SIFA'U KHUMAEROTA ZAHRO
    Kelas : 9F
    No. Absen : 28

    BalasHapus
  6. Nama:Nabila Zahra Aulia
    No.abs:23
    Kelas : 9f

    BalasHapus
  7. Nama: Tri Nailatul Azkia
    Kelas : 9F
    Hadirr

    BalasHapus
  8. Nama: Imelda Fransiska
    Kelas: 9f
    No : 15

    BalasHapus
  9. Nama:Novalia Deandra Aji Saputra
    Kelas :9f
    No :25

    BalasHapus
  10. Nama : Fatina Rachmatika Basyra
    Kls : 9F
    No Absen : 11

    BalasHapus
  11. Nama: Ayunda wida khusnulita
    Absen:2
    Kelas: 9f

    BalasHapus
  12. name=Azhimaziz Dipa Fidina
    kls:9f
    no absen:3

    BalasHapus
  13. Nama: erlinda rahma
    kelas: 9f
    hadir

    BalasHapus
  14. Nama:Febi suqya Rahmawati
    Kelas:IXF
    No:12

    BalasHapus
  15. Nama:widya setyawati
    Kelas:9f
    Hadir

    BalasHapus
  16. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  17. Nama : Ulya Safina
    Kelas : 9G
    No : 31
    Ket. : Hadir

    BalasHapus
  18. Nama : Adjeng Mutiara Dewi
    Absen : 02
    Kelas : 9G

    BalasHapus
  19. Nama:Nonei Essya Maliki
    absen:25
    kelas:9G

    BalasHapus
  20. Nama : Muhamad Fadli Khoirul Anam
    Kelas : 9G
    No.Absen : 19

    BalasHapus
  21. Nama: Mohammad Maulidi Apriyanto
    Kelas: 9g
    No absen: 17

    BalasHapus
  22. Nama : Maulana Farhan
    Kelas : 9G
    No absen: 15

    BalasHapus
  23. Nama: Diah Dwi Astuti
    Kelas :9G
    Absen:6

    BalasHapus
  24. Nama : Eristika Zalfa' Hanifah
    Kls : 9G
    No abs : 07

    BalasHapus
  25. Nama : Lu'luatus Shofie
    Kelas : 9G
    No ab. :14

    BalasHapus
  26. Nama:akhmad labib
    No:4
    Kelas: 9G

    BalasHapus
  27. Nama:Mutiara Anisa Putri
    Kelas:9G
    No.absn:21

    BalasHapus
  28. Nama: Agriccia Mayangtica Saputry
    Kelas:IXG (9G)
    No Absen:03 (Tiga)

    BalasHapus
  29. Nama:Husna ainun nabila
    Kelas :9G
    No. Absen:09
    Ket:Hadir

    BalasHapus
  30. Nama : Jingga Ayu Fadilah
    Kelas : 9G
    No absen : 11

    BalasHapus
  31. Nama : Sabila Shinta Ayu I.
    No. Absen : 28
    Kelas : 9G

    BalasHapus
  32. Nama:Nurul Badriyah
    Kelas:9a
    No.ab:27

    BalasHapus
  33. Nama : Aburizky ramadani
    Kelas : 9G
    No absen : 01

    BalasHapus
  34. Nama : Naziatul Maulida
    Kelas : 9G
    No.absen : 24

    BalasHapus
  35. Nama : Ariq Zaidan A.
    Kelas : 9G
    No.absen : 05

    BalasHapus
  36. Nama:Ulil Hidayah
    Kelas:9G
    No.absen:30
    Ket.:hadir

    BalasHapus
  37. Nama:Rizqiana Amalia A.
    Kelas:9G
    No. :27

    BalasHapus
  38. Nama : Nadya Fissilmi Kaffah
    Kelas : 9G
    No : 23

    BalasHapus
  39. Nama:Laela Fitrotunnisa
    Kelas:9A
    No:16

    BalasHapus
  40. Nama : Jihan Shofiyani
    Kelas : 9G
    No : 10

    BalasHapus
  41. Nama:fariska indah parameswari
    Kelas:9a
    No:11

    BalasHapus
  42. Nama : Mutiara Alyaa Ramadhani
    Kelas : 9G
    Absen : 20

    BalasHapus
  43. Nama : Kurnia Setiawan
    Kelas : 9G
    No.Absen : 12

    BalasHapus
  44. Nama: M Khairil Anwar
    Kelas : 9 A
    No. : 22

    BalasHapus
  45. Nama :Meilinda Nur Hanifah
    Kelas :9G
    No. :16

    BalasHapus
  46. Nama:Aska askia
    No:04
    Kelas:9a

    BalasHapus
  47. Nama: Laila Fadya Cantika Fitriana
    No: 18
    Kelas :9A

    BalasHapus
  48. Nama:Rizqiana Amalia A.
    Kelas:9G
    No. :27

    BalasHapus
  49. Nama:Sholuna Imania
    Kelas:9G
    No.absen:29

    BalasHapus
  50. Nama:Ananda aufi fitriani
    Kelas:9a
    No:2
    Ket:hadir

    BalasHapus
  51. Nama: Qurratu Al Aini
    Kelas:9G
    No:26

    BalasHapus
  52. Nama:Atita maulidya f
    No:05
    Kelas:9a

    BalasHapus
  53. Nama:khilyatun nabila
    No:15
    Kelas:9A

    BalasHapus
  54. Nama:Indhana Zulfa
    Kelas:9A
    No:14

    BalasHapus
  55. Nama: Nurul Anisa
    Kelas: 9a
    No Abs 26

    BalasHapus
  56. Nama: Nurul Aeni
    Kelas: 9A
    No:25

    BalasHapus
  57. Nama:Dafa Aftania
    Kelas:9a
    No:6

    BalasHapus
  58. Nama:Tiya novalina
    kelas:9h
    Absen:28

    BalasHapus
  59. Nama:Tiya novalina
    kelas:9h
    Absen:28

    BalasHapus
  60. Nama:Zahra Hida Isfalana
    Kelas:9H
    No.ab:31,-

    BalasHapus
  61. Nama:Novia Afni Utami
    Kelas:9H
    Absen:18

    BalasHapus
  62. Nama:Adinda zulfa ry
    Kelas:9h
    No.abs:2

    BalasHapus
  63. Nama: Vika Izatul maula
    Kelas : 9h
    No: 29

    BalasHapus
  64. Nama: Shely Hidayatus sabila
    Kelas: 9H
    No. Aban:25

    BalasHapus
  65. Nama : Salma Kholilatul Maula
    jelas : 9h
    No.Ab : 24
    ket : hadir

    BalasHapus
  66. Nama: Silvi Nurul Khoirina
    No.abs: 27
    Kelas: 9H

    BalasHapus
  67. Nama:m. Hafidz ghifari
    Kls:9h
    No:15

    BalasHapus
  68. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  69. Nama:Saelal Arifia
    Absen:23
    Kelas:9h

    BalasHapus
  70. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  71. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  72. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  73. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  74. Nama:Maulana Fadhil Akmal
    Kelas:9H
    Absen:12

    BalasHapus
  75. Nama:Aida safana nabila.
    Kelas:9H.
    Absen:03.

    BalasHapus
  76. Nama:Aida safana nabila.
    Kelas:9H.
    Absen:03.

    BalasHapus
  77. Nama: Naelul Muna
    Kelas:9H
    No.abs:17

    BalasHapus
  78. Nama:. Taqiyah Ilhamida
    No:29
    Kelas:9b

    BalasHapus
  79. Nama : Nur Rizka Maulida
    no.absen : 24
    Kelas :9B

    BalasHapus
  80. Nama : Rosy azka maulida
    Kelas : 9H
    Absen : 22

    BalasHapus
  81. Nama: Ahmad Royan priatama
    No:01
    Kls:9B

    BalasHapus
  82. Nama: Ahmad Royan priatama
    No:01
    Kls:9B

    BalasHapus
  83. Nama:Habibah Riza Azzahra
    Kelas:9B
    No:15
    Ket.:Hadir

    BalasHapus
  84. Nama : Atiya Mismatul Maula
    Kelas : 9B
    No. :09

    BalasHapus
  85. Nama:Tsabit indra kurniawan
    Kelas:9B
    No:31

    BalasHapus
  86. Nama:Nayla Cahaya Yulia
    Kelas:9B
    No.Ab:22

    BalasHapus
  87. Nama saya assalamualaikum.
    Akbar Rizki, Sanjaya IX B, 03

    BalasHapus
  88. Nama: Arya Syarif Hidayatullah
    Kelas: 9B
    No : 08

    BalasHapus
  89. Nama : M. Fatkhurur Rokhman
    No. Absen : 19
    Kelas : 9B

    BalasHapus
  90. Nama:Junanda Tegar Dwi Laksono
    Kelas :9B
    No.Ab:18

    BalasHapus
  91. Nama : Nadia eka saputri
    Kelas : 9B
    No absen : 20

    BalasHapus
  92. Nama:Prima Ayu Putri
    Kelas:9B
    No.absen:25

    BalasHapus
  93. Nama:syifaul Khimiah
    Kelas:9B
    No:27

    BalasHapus
  94. Nama: Indri Laelatun Nadifah
    Kelas:9B
    No:16

    BalasHapus
  95. Nama : Dea Putri Salsabila
    Kelas : 9B
    No. : 11

    BalasHapus
  96. Nama:Prima Ayu Putri
    Kelas:9B
    No.absen:25

    BalasHapus
  97. Nama : Dwi Puji Rahayu
    Kelas : 9B
    No : 13

    BalasHapus
  98. Nama :Gaby ainnun amaldha
    Kelas :IX B
    No. :14

    BalasHapus
  99. nama : nafila ali
    no : 21
    kelas : IX B

    BalasHapus
  100. NAMA:RAGIL NAELUL IMAN
    KLS :9H
    NO.ABSEN:20

    BalasHapus
  101. Nama : Arfa Balyan S
    Kelas : 9B
    No.abs : 07

    BalasHapus
  102. Nama:rahmawati
    Kelas:9H
    No absen:21

    BalasHapus
  103. Nama : catur khaelina putri
    Kelas :9B
    Noa. :10

    BalasHapus
  104. Nama:rahmawati
    Kelas:9H
    No absen:21

    BalasHapus
  105. Nama:Andin febryna wulandari
    Kelas:9B
    No absen:06

    BalasHapus
  106. Nama:Nida Khayatul Husna
    Kelas:9b
    No:23

    BalasHapus
  107. Nama:Duwi lestiani
    Kelas:9H
    No absen:07

    BalasHapus
  108. Nama:Duwi lestiani
    Kelas:9H
    No absen:07

    BalasHapus
  109. Nama: Tegar manuella pradiastri
    Kelas: 9B
    No absen: 30

    BalasHapus
  110. Nama : Iqna Dzati Rifati
    Kelas : 9B
    No. Absen : 17

    BalasHapus
  111. Nama:Rina Rizkiana Agustin
    Kelas:IX-C
    Absen:24

    BalasHapus
  112. Safira indah Ramadani
    9C
    26

    BalasHapus
  113. Nama:Nazwa Salsabila
    Kelas:9C
    No:23

    BalasHapus
  114. Nama:Juwita utami nugrahani
    Kelas:9C
    Nomer absen:13

    BalasHapus
  115. Nama:Syafa Dwi Agustin
    Kelas:9C
    No:29

    BalasHapus
  116. Nama:Naila Amalia
    Kelas:9c
    No:20

    BalasHapus
  117. Nama:Bayu Mustaqim
    Kelas:9C
    No:09

    BalasHapus
  118. Nama : Qonita Nurul Ifada
    Kelas : 9H
    No abs : 19

    BalasHapus
  119. Nama :ISLAKHUL ANAM
    Kelas :9D
    Absen :

    BalasHapus
  120. Nama :Islakhul anam
    Kelas :9D
    Absen:14

    BalasHapus
  121. Nama: Rismurtia Gita Ananti
    Kls : 9D
    Absen: 26

    BalasHapus
  122. Nama: Dairis tri agustina
    kelas: 9D
    no.absen:06

    BalasHapus
  123. Nama: Putri Oktavia Rahmadani
    Kelas: 9D
    No: 24

    BalasHapus
  124. Nama : Chesilia novelista moa
    Kelas : 9D
    No : 05

    BalasHapus
  125. Nama: NEZA INDRIYANI
    Kelas: IX D
    No.absen: 21

    BalasHapus
  126. Nama: Fiki muspiratun Nikmah
    Kelas: IX D
    No absen:10

    BalasHapus
  127. nama:hidayatul hidayah
    Kelas:IX D
    no absen:12

    BalasHapus
  128. Nama:Nadira anggraeni
    Kelas :9D
    Absen:19

    BalasHapus
  129. Nama:Nur laelatus sa'bana
    Kelas:9D
    No.absen: 22

    BalasHapus
  130. Nama:Nur laelatus sa'bana
    Kelas:9D
    No.absen: 22

    BalasHapus
  131. Nama:Nur laelatus sa'bana
    Kelas:9D
    No.absen: 22

    BalasHapus
  132. Nama : Iqmah Safera
    Kelas: 9D
    No.absen: 13

    BalasHapus
  133. Nama:eki ainun najib
    Kelas:9f
    No absen:8

    BalasHapus
  134. Nama:eki ainun najib
    Kelas:9f
    No absen:8

    BalasHapus
  135. Nami : Antika Aulia Zahwa
    No.Absen : 3
    Kelas : 9E

    BalasHapus
  136. Nama:yulian eka ferdinan
    Kelas : 9E
    No :32

    BalasHapus
  137. Nama:m.Salman alfarisi
    Kelas:9 e
    No absen:21

    BalasHapus
  138. Nama:Nazila Qurrota A'yun
    Kelas : 9E
    No absen: 23

    BalasHapus
  139. Nama:Najwa Putri Kinanti
    Kelas:9e
    Absen:22

    BalasHapus
  140. Nama:m. Hafidz ghifari
    Kls : 9h
    Absen: 15

    BalasHapus
  141. Nama : Aisatun Feoroza
    Kelas : 9B
    No.absen : 02

    BalasHapus
  142. Nama Cantika Mutiara Murti
    Kelas 9h
    Absen 06

    BalasHapus
  143. Nama:Duwi lestiani
    Kelas:9H
    No absen:07

    BalasHapus
  144. Nama:Rokhadatul aisy
    Kelas:8H
    No:28

    BalasHapus
  145. Nama: NORMA HEFTA SAWEHO
    Kelas :9e
    No : 24

    BalasHapus
  146. Nama:khurota ayun
    Kelas:9e
    Absen:16

    BalasHapus
  147. Nama: Excel Kurniawan
    Kls: 9c
    No absen: 09

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

KD. 4.1. ANOMAN DUTA KELAS 9

KD 3.1.LEGENDHA KELAS 8