KD. 4.1. ANOMAN DUTA KELAS 9
1. KOMPETENSI DASAR
4.1 Menanggapi isi teks
cerita Ramayana (Anoman Duta) dengan ragamkrama
2. INDIKATOR
4.1.1. Membaca pemahaman teks cerita wayang Ramayana
Anoman Duta.
4.1.2. Mendiskusikan kata- kata yang dianggap yang
dianggap sulit.
4.1.3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan
4.1.4. Menanggapi secara lisan isi bacaan Anoman
Duta.
3. TUJUAN PEMBELAJARAN
Setelah pembelajaran
siswa dapat
4.1.1. Membaca pemahaman teks cerita wayang Ramayana
Anoman Duta.
4.1.2. Mendiskus ikan kata- kata yang dianggap yang
dianggap sulit.
4.1.3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan
4.1.4. Menanggapi secara lisan isi bacaan Anoman
Duta.
3.
MATERI
Assalamualaiku
wr..wb
bocah-bocah
sadurunge pembelajaran jarak jauh diwiwiti ayo dedonga rumiyin
dedonga
kawaiwitan
dedonga
purwa
wacanen
kanthi premati crita Anoman Duta
Teks
cerita wayang Ramayana lakon Anoman
Duta.
ANOMAN DUTA
Wancine
wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat
ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den
upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah
petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika
nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot
ing lemah. Gelungane lukar nora
dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi
ati.
Lah
punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya
Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi
ditrungku aneng Taman Argasoka,
tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang
sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen
marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe
Sang Dewi.
“
Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi
sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran
Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan
Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko
sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya
ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang
rontang-ranting.”
Saben-saben
Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih,
mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan
rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili
lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta,
Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun
lunturing sih.
“
Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah
sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing
samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka
ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti
wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka
tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal
nyembadani. “
Mireng
wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta
gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning
pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu
arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana
amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi
bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun
maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok
gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”
Njola
Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik
candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame
Rahwana, pedhes anggone muwus.
“
Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya
Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa
cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age
tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!
”Lingsem Prabu Dasamuka mireng
ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya
tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa.
Wanara Seta kang umpetan
aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking
iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura
nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo
kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki
ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara. Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake
lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi
garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi.
Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa,
kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.
Dewi Sinta mireng tembange mau,
temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya.
Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta
andangu aris:“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa,
kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “
“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman
dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula
kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa
paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi
Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan,
badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”
Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko
ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan
apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra
Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh
ana titah kang bisa nyusul kejaba
Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana
supaya apus krama marang ingsun. “
“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili,
kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri
Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun
sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “
Rekyan Sinta nampani ali-ali kang
diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika
agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing
jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.
“ Heh Anoman, nyata sira duta kang
sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus
ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing
rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki
aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama.
“
Anoman nampani cundhamanik sarta
nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi.
Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling.
“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi
lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri
Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe
dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun
damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “
(
Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan 32Agustus 2009,)
4. LEMBAR KERJA SISWA
Milihana aksara A, B, C, utawa D
sangarepe wangsulan sing paling bener!
1. Sapa
kang diutus Ramawijaya ngupadi Dewi Sinta menyang Ngalengka…..
a. Lesmana
b. Dasamuka
c. Rahwana
d. Anoman
2. Ing ngendi Dewi Sinta disingidake dening
Rahwana….
a. Taman
Argosoka
b. Taman
Argasaka
c. Taman
Argasoko
d. Taman
Argasoka
Anoman
mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu
kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat
kapiyarsa pisambating karuna kang banget
ngeres-eresi ati.
3. Kepriye kaanane Dewi Sinta manut crita ing
dhuwur, terangna
a. Sarisare
seneng
b. Mboten
karuna kang banget ngeres-eresi ati
c. sarirane
kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat
kapiyarsa pisambating karuna kang banget
ngeres-eresi ati.
d. sarirane
mboten kuru aking, ayu
4. Sapa
asmane putri sing tansah setya ngancani Dewi Sinta, lan sapa dheweke iku ?
a. Niken
Trijathe.
b. Niken
Trijotha.
c. Niken Trijitha.
d. Niken Trijatha.
5. Apa
pangancame Dewi Sinta manawa Dasamuka nekad nyaketi sang Dewi ?
a. Kalamun
maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok
gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”
b. “
Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka
panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu
Pangeran Rama,
c. “
Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah
sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing
samubarang sarwa kuciwa.
d. “
Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa.
6. Kenangapa
Sinta cubriya marang si wanara seta …
a. kongkonane
Rahwana kang arep apus krama
b. amargi damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi
paduka.
c. tegel
merjaya Sinta.
d. Kula aturi nampi, Gusti
7. Sapa
sejatine wanara seta ?
a. Anoman dutanipun Dasamuaka
b. Anoman dutanipun Rahawana
c. Anoman
dutanipun Lesmana
d. Anoman dutanipun Sri Ramawijaya.
8. Apa
sing ditindakake wanara seta supaya Dewi Sinta percaya marang dheweke ?
a. Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake
Anoman.
b. Rekyan Sinta nampani gelang kang diaturake
Anoman.
c. Rekyan Sinta nampani nawala kang diaturake
Anoman.
d. Rekyan
Sinta nampani kancing gelung kang diaturake Anoman.
9. Dewi
Sinta maringi apa marang wanara seta ?
a. sesupe
b. cundhamanik kancing rikma lan
nawalaningsun
c. cincin
d. kalpika
10. Wanara
seta matur kepriye marang Sang Dewi sadurunge dheweke pamit lunga ?
a. “
Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah
sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing
samubarang sarwa kuciwa.
b. “
Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka
panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu
Pangeran Rama,
c. Kalamun
maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok
gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”
d. “
Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten
dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala
wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur
kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi
paduka. “
Wancine wis parak esuk, ing wetan katon
cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga.
Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana
wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-
pati.
11. Pituture
ukara ing dhuwur yaiku….
a. Menawa
duwe kekarepan aja nglokro, kudu sing temen supaya kasil.
b. Wancine
wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat
ungup-ungup ing pucuking arga.
c. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang
den upadi.
d. Nuli
mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang
endahe kepati- pati.
Anoman
puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan
gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman
mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu
kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati,
gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget
ngeres-eresi ati
12. Pokak isine crita ing dhuwur yaiku…
a. Ing
wayah esuk ing petamanan, Anoman weruh wanodya kang kuru aking nangis
sesambat.
b. Nuli
mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang
endahe kepati-pati.
c. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika
nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot
ing lemah.
d. Gelungane
lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating
karuna kang banget ngeres-eresi ati
Anoman
puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan
gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman
mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu
kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati,
gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget
ngeres-eresi ati
13. Manut
wacan ing dhuwur iku isine bab apa?
a.
Anoman kang nggoleki dewi Sinta.
b.
Prabu Dasamuka nglelipur penggalihe Sang Dewi.
c.
Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga.
d.
Rawuhe Sri Ramawijaya aneng Taman Argasoka.
14. Sapa
kang ana ing dhuwur wit nagasari nyawang wong wadon sing awake gering, rambute
awut-awutan ?
a.
Sinta
b.
Dasamuka
c.
Anoman
d.
Gunawan Wibisana
15. Ana
ing ngendi Dewi Sinta diumpetake Dasamuka?
a.
Gedhong
b.
Taman sari
c.
Taman Argasoka
d.
Alengka
Lah
punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya
Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi
ditrungku aneng Taman Argasoka,
tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang
sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen
marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe
Sang Dewi.
16. Wus
meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng
Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan
Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Apa tegese puluhane
a. ponakan
b. adhine
c. bojone
d. mbok
ayune
Heh
Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira
daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok
gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse
Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang
Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus.
narik candrasa arep ditamakake marang Sinta.
Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus
17. Ukara endi sing nuduhake Dewi Sinta nyupatani
Dasamuka yaiku…
a. Menawa
kena koksenggol, busanaku bakal dak obong,
kalamun kena kok gepok
kulitku bakal dak beset, Rahwana
b. Njola
Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak,
narik
candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame
Rahwana, pedhes anggone muwus
kalamun
maju kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana
c. Heh
Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta.
d. Rekyan
Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen- angen marang rawuhe Sri Ramawijaya,
dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
18. Prabu Rahwanaraja iku raja ing
Negara…
a. Alengka
b. Ayodya
c. Madukara
d. Pancawati
19. Tembung
liyane wanara yaiku..
a. Ula
b. Naga
c. Baya
d. kethek
20. Dewi Sinta cubriya marang Amonan
amargi….
a. Tujune
tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
b. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana
supaya apus krama marang
ingsun.
“
c. wani laku cidra andhustha marang ingsun.
d. kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka
wonten Ngalengka ngriki.
5. EVALUASI
Wancine wis parak esuk, ing wetan
katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking
arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana
wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe
kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono
katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar
nora dirawati, gimbal campur kisma. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna
kang banget ngeres-eresi ati. Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing
kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu
Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan
dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken
Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen- angen marang rawuhe
Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
Milihana aksara A, B, C, utawa D
sangarepe wangsulan sing paling bener!
1. Ing
wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing
pucuking arga. Tembung arga tegese ....
a
Gunung
b.
Langit
c.
Wit-witan
d.
gedhung
2. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur
kisma. Tembung kisma tegese ....
a. Lemah
b.
Omah
c.
Madu
d.
Banyu
3. Lamat-lamat
kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati. Tembung kapiyarsa
tegese padha karo ....
a.
Katon
b.
Keprungu
c.
Metu
d.
Alon
4. Rekyan
Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Tembung didingidake tegese ....
a.
Diumpetake
b.
Dikunjara
c.
Dipapanake
d.
Diculik
5. Anoman
menyang alengka amarga diutus dening sapa?
a. Rahwana
b.
Ramawijaya
c.
Wibisana
d.
Anoman
6. Anoman
saged manggihi Dewi Sinta wonten ing pundi?
a.
taman Maerakaca
b.
taman Argasoka
c.
taman Tuspawarna
d.
taman Argadumilah
7. Tinengganan
dening wanodya pulunane Dasamuka. Tembung wanodya tegese ....
a.
Utusan
b.
Bala
c.
Wanita
d.
Prajurit
8. Tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka.
Tembung pulunane tegese ....
a.
Adhine
b.
Kakange
c.
Keponakane
d.
Bojone
9. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna
ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya. Manut panemuku Sinta duwe watek
....
a.
Setya tuhu
b.
Mbangun turut
c.
Seneng nglamun
d.
Gampang dibujuk
10. Paraga
Niken Trijatha ing wacan katudhuhake duwe watek ....
a.
Setya
b.
Mblenjani
c.
seneng nglipur
d.
seneng wong liya sengsara
Saben-saben
Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih,
mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan
rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili
lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu
Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun
lunturing sih.
11. Pitutur
sing bisa kajupuk saka carita ing ndhuwur yaiku ....
a.
Dadi wong iku kudu ngeres-eresi ati.
b.
Dadi wong iku bisa menehi panglipur marang sing lagi susah.
c.
Aja gampang putek pikirane.
d.
Dadi wong kuwi kudu seneng marang pangangen-angen.
12. Wis
meh pirang taun Dewi Sinta dikurung dening Dasamuka?
a.
setaun
b.
telung taun
c.
rong taun
d.
patang taun
“
Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu
dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya,
dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula
aturi nampi, Gusti. “
13. Saka
pethikan teks ing dhuwur, bisa dijupuk pituture yaiku ....
a.
Aja seneng gawe bingunge wong liya.
b.
Yen durung kenal kudu tepungan.
c.
Yen ngutus wong kanggo perkara wigati kudu ana buktine.
d.
Percaya marang ucapane wong liya.
14. Wonten
ing lampahan Anoman Duta, Anoman ngaturaken menapa marang Dewi Sinta?
a.
Sesupe
b.
Cupu
c.
Kancing gelung
d.
nawala
Saben-saben
Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih,
mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan
rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili
lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan.
15. Pituture
ukara dhuwur yaiku….
a. Dadi
wong kudu seneng marang panganen-angen
b. Dadi
wong iku kudu bisa menehi panglipur marang sing lagi susah
c. Dadi
wong iku kudu ngeres-eresi ati
d. Aja
gampang putek pikirane
16. Gelungane lukar
nora dirawati, gimbal campur kisma..
Tembung kisma tegese…
a. Nangis
b. lemah
c. Rambut
d. keponakan
17.Anoman maringi apa
marang Dewi Sinta….
a. nawala
b. cundamanik
c. cincin
d. kancing
18. Dewi Sinta maringi apa marang Anoman….
a. nawala lan cundamanik
b. kalpika
c. cincin
d. kancing
“ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa
gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa
alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Tembung sungkuwa tegese…
a. sedina
b. seneng
c. kuciwa
d. sedih
19. Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka.
Ing kono dununge Sang Putri
Mantili, ya Rekyan
Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Tembung disingidake tegese…
a. Didhelikake
b. panggonane
c. Diadhepake
d. Atine
Wus
meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng
Taman Argasoka, tinengganan dening
wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken
Trijatha.
20. Sapa sing disingidake ana ing taman Argosoka
a. Guwanawa
b. Wibisan
c. Dewi Sinta
d. Niken trijatha
Naelul Muna
BalasHapus17
9H
Nama khurota ayun
BalasHapusKelas 9e
Absen 16
Nama:Najwa Putri Kinanti
BalasHapusKelas:9E